(musik piano jazzy saka
Ability Magazine dimainké)
Khusus kanggo artis sing duwe disabilitas,
awake dhewe nduwe pengalaman urip
sing unik.
Pengalaman sing pancen unik banget.
Lan yen sampeyan isa,
gunakna kabeh pengalaman kuwi
ing saben peran sing sampeyan garap.
Golek cara kanggo ndelok saben karakter
liwat pengalaman urip sampeyan,
sampeyan bisa njupuk sudut pandang unik
saka saben peran,
lan sampeyan bakal menonjol.
Merga kuwi berharga lan jerone urip
sing ora kabeh wong isa lakoni.
Sampeyan nduwèni serangkaian
kahanan spesial,
serangkaian pengalaman urip sing istimewa,
lan uga cara pandang khusus soal piye
sampeyan wis diperlakukake
sajrone urip ngadhepi
perbedaan sampeyan.
Lan yen sampeyan isa manfaatké
kabèh pengalaman kuwi,
sampeyan bakal iso ngelakoni akeh peran
nganggo cara sing béda-béda.
Saka kono, sampeyan bakal dadi sosok unik
sing isa madhangi sak ruangan
nganggo cara sing ora umum.
(musik ceria)